PUPUH IV
GAMBUH
01
Samengko ingsun tutur, sembah catur: supaya lumuntur, dihin:
raga, cipta, jiwa, rasa, kaki, ing kono lamun tinemu, tandha nugrahaning Manon.
02
Sembah raga puniku,pakartine wong amagang laku, susucine asarana
saking warih, kang wus lumrah limang wektu, wantu wataking wawaton.
03
Inguni-uni durung, sinarawung wulang kang sinerung, lagi iki
bangsa kas ngetok-ken anggit, mintoken...
Pupuh IV Gambuh